Halo, Assalamualaikum!
Halo, Pak! Niki Alit.
Pak pripun kabare sampean ten mriko? Mugi-mugi sae nggeh. Sepuntene lek kulo jarang nginguk. Jarang berdoa, jarang ngaji koyok biyen. Sampean enggak enek sih, dadi yo rodok males ngaji nang omah. Pak, sampean paling moco iki rodok ngguyu-ngguyu bohoso kromoku aneh. Mpun dangu Alit mboten damel bohoso kromo. Yo piye, sampean ga enek. Hehehe...
Pak, riyen, nate, pas sampean mantun lungo, kulo kangen banget. Pas iko tasek teng kosan lawas. Kulo mantun ngirim cerpen teng ubudfest sampe begadang. Isuk e, tanpo turu, kulo nangis kaleh ngerekam suara karena njenengan ga ngankat telpon. Lebih tepat e, nomor e sampean ga kenek wesan. Aku nangis misek-misek, koyok saiki.
Mari kejadian iku, aku ga pernah ngerekam suara maneh akting telpunan karo sampean. Iseh rajin nangis, tapi isolah ditimer. Kadang sek kesel karo sampean, opo o kok ga ngijini aku balik? Opo o mengeng aku ngerti? Tapi, ya piye maneh. Kali iku, sampean menang. Sampean menang teko aku. Aku kalah Pak. Aku sampean tinggal tanpo pamit. Sampean ngomong, emoh ganggu study-ku. Pak, aku emoh ngungkit opo seng tak lakoni waktu itu, tapi saiki Pak, study-ku mari. Selesai. Koyok pengene sampean.
Sampean misal ngerti opo seng tak bahas gawe tugas akhir, insyaallah bakal seneng banget. Yo, aku ngerti sampean cukup seneng eroh aku nembang pas semester siji. Nah, aku saiki njkuk tentang jowo-jowo, tapi ilmune psikologi alias psikologi jawa. Sampean ngerti Pak, aku seneng banget pelajaran psikologi sastra nang semester 5. Dosen psikologi pas iko ngomong, Bapak e dosenku kui meninggal pas belio semester 5. Aku enggak mikir aneh-aneh. Fokus nang teori seng disampaikan, tentang odipus complex. Tapi, Pak, cerito uripku koyok seseru cerito uripe sampean dan buk e yo. Kok iso sampean malah ninggalne aku nang semester iku? Parah e maneh, karena akeh faktor akhire aku menyerah nang matkul iku dan ngulang. Iku pisan seng garai aku ngulang dan suwi kuliahe. Dadi, koyok ga adil ngunu lek aku ga njkuk psikologi kan? Tapi Pak, mosok pas jamanku skripsian gak oleh njkuk psikologi maneh?? Yowes kan aku meneng. Aku sek menggalaui sampean. Gawe opo aku kuliah, lek ga gawe pean? Okelah, aku lanjut kuliah karena Buk e, tapi lo, rasane, mending aku nulis memoar mbendino tinimbang fokus kuliah. Gara-gara fokus kuliah biyen, aku ga iso onok nang sandinge pean.
Kersane Allah Pak, aku ketemu teori psikologi Jawa. Aku seneng psikologi, sampean seneng Jawa. Awal e aku ga fokus nang kedua hal iku. Cuma, rasane ki, teori iku, ajaran iku, wejangan iku, iso gawe atiku rodok longgar. Iso rodok bantu aku ngiklasno sampean. Pak, tenan, perjalananku ketemu teori iku sampe mari, sampe dino iki, dowo pol. Rumit, nyesek, abot, perih, dan gak opo-opo. Nyatane wes mari kan. Sampean eroh kan Pak? Anak e sampean pinter kan? Yo kan?
Mambengi Pak, sakdurunge turu, bar sinau, aku bingung goleki audio suarane sampean pas ga sengojo tak rekam. Pas adewe nang omah e Mbak sopo kae, andinge omah e Bu Gemi seng kerjo nang imigrasi? Pas iko hari raya ke 6 opo 7 ngunu. Pokok aku nebeng sampean ngeterne mbak iku nang Jember gawe ngurus teater 1. Alah Pak, maneng-maneng teater. Lek ngerti iku lebaran terakhir adewe, aku ga ngijini sampean kerjo. Aku mending cuti kuliah ae gak teater-teateran.
Nang rekaman kui, sampean ngobrol karo mbah perkoro sistem pendapatane sampean. Si mbah kepo banget, sampean malah nggojloki mbah kon tuku mobil gawe sampean, wkwk. Pas iku aku kesel soale sampean mekso aku ngombe wedang teh panas. Jare ngeregani. Tapi lo Pak aku ga seneng teh gek yo panas. Sampean ape ngombe klempoken. Nang omah ngopi nang kono ngopi, hehe. Mari bahas kui, sampean bisiki aku perkoro bayaran seng sampean intukne sektas. Duite mlayu nang ndi kabeh. Sampean nyebut bakal nyiapne duit gawe arisan 550 ewu per semester. Arisan seng sampean rencanakan intuk e pas aku wisuda, gawe wisudaku. Pak, sepurane. Pas intuk e sampean, aku gung iso wisuda. Duit e tak gawe tambah tuku laptop. Lha piye, notebook e terlalu traumatis dan laptop e aning malah garai gelo moro-moro rusak. Iyo sih, arisan e intuk akeh. Tapi, pas iku covid Pak. Mbak Mimin mlebu RS pas meteng gedi. Diisolasi. Buk e yo gereng. Aku wedi Pak. Aku wedi banget kelangan Buk e koyok kelangan sampean. Aku tukaran gede karo Mas Put. Dee ngentengne covid. Aku sedih. Aku koyok cuma tinggal karo Buk e tok nang dunyo. Lha lek Buk e ga enek? Pak, pas iku meski aku wes tuku laptop anyar, aku ga iso mikir skripsi. Meski aku wes nemu psikologi jawa, kromodongsoku kalah karo situasi. Aku kudu ngerawat Ibuk.
Rekaman suarane sampean iku akhire temu. Aku meh frustrasi. Jawaku ngerungokne suarane pean ben iso turu. Lha kok malah lindu. Aku langsung chat Buk e. Tengah wengi kui Ibuk langsung buka chatku. Opo kiro-kiro pas dewe nang omah ngene iki Buk e yo sering nangisi pean koyon aku yo? Hehe, gpp Pak. Asal ojo nemen-nemen. Aku sengojo ngeforward rekaman iku nang buk e. Jawaku ben terdokumentasi ae engko. Eh, karena langsung centang biru mau langsung tak hapus. Aku ga siap buk e ngerungokne obrolan kita. Wedi buk e nangis koyok aku hehe.
Pak, dilut engkas aku wisuda. Sakjane yo, aku enggak begitu ambis nang momen formalitas iku. Cuma, koyok e sampean semangat sampe nyiapne dana jauh-jauh hari. Kok yo biyen wisudaku SMA sampean seng teko yo Pak, dadi saiki sampean ga enek pun rasane koyok gantian ae. Saiki gantian Ibuk seng ngancani aku. Toh lek sampean teko bareng Ibuk, paling yo emoh jak foto bertiga. Yo kan? Hahahaaha~
Pak, aku kangen. Tapi gak kangen-kangen nemen. Piye yo, kangenku wes dadi kebiasaan. Dadi yo yoweslah, hehe. Beh Pak, 2019 kae asline akeh seng pengen tak ceritokne. Tenan. Aku pengen balik dan meluk sampean tanpa alasan wkwkwk. Tapi, yaweslah Pak hehehe. Aku kangen SMS sampean lek lagi nang luar kota. Takon, dugi pundi Pak? Terus, nggeh ati-ati. Terus ngunu tiap saat mantau posisine pean. Aku yo kangen lo ditelpuni terus pas lagi nang kos atau dolan. Gak enek sampean, aku gatau chat nakokne kabare wong terus-terusan ngunu kui. Gak enek seng spam telpon koyok sampean. Buk e terlalu sibuk tandang omah koyok e, jarang nelponi. Dichat akeh-akeh pun balese yo sak kobere.
Pak, saiki kuliahku mari. Angel banget Pak ngelanjutne kuliah iki tanpo sampean. Tapi, untunge Pak, aku nduwe konco-konco seng apik. Nggak cuma siji loro, kabeh kancaku apik. Selama iki ae aku gak wani ngakoni support mereka karena ketutup kesedihan. Padahal, mereka yo enek digawe aku. Mereka bantu banget. Aku yo njaluk dongo nang poro sedulur Pak. Aku gak pegel-pegel maneh nang Mas Put. Sampean engko nesu lek awakdewe tukarang hehe.
Saiki Pak, selain berharap intuk kerjoan seng apik dan mewujudne keingingane Ibuk dan pean, semoga keinginanku nulis gawe sampean yo kewujud. Aku lo Pak sampek wani ninggalne kuliah demi nulis kae, mosok seh Pak aku gak iso marekne kan? Aku gak berharap muluk, gawe iso terbit atau diwoco wong liyo. Cukup dadi disek ae. Ben nek aku kangen pean garek moco cerito-ceritone adewe, hehehe.
Oh yo Pak, aku wes 25 tahun lo. Aku gak ngerti piye preferensine sampean gawe calon mantu. Sampean gak pernah bahas iku sama sekali. Aku pun gak nduwe keriteria tertentu. Karena enek sampean dan Mas, aku ga terlalu peduli pasangan. Tapi, Pak, koyok e saiki wes wayahe deh. Hmm, aku sek bingung dan gak ngerti perkoro ati seng ngunu kui Pak. Cuma, aku pengen wong seng gelem ngerungokne cerito-ceritoku tentang sampean--yo di samping hal-hal lain seng enggak negatif tentune.
Pak, koyok e lek iki tak lanjut iso sampek isuk. Mpun riyen nggeh, wkwkwk. Sepurane aku cuma boso pas apene njaluk duit atau izin sesuatu. Yo piye, Alit, hehehe. Pak, sejak sampean gak enek, aku enggak pernah nangis seneng. Meski ngalami hal indah sampe nggarai nangis, aku enggak iso nganggap iku air mata bahagia karena enggak enek sampean maneh nang dunia iki. Tapi, insyaallah, kali iki, aku iso menganggap kebese mripatku saiki tangis bahagia yo. Tangis bahagia seng emang dilumpukno gawe saiki. Isek sesek sih Pak, dodoku, tapi insyaallah mari ngene wes enggak opo-opo. Wes tak sampaikan keluh kesahku nang sampean iki, hehehe.
Mpun enggeh Pak. Enggeh, Alit selalu jaga diri. Matur suwun. Assalamualaikum.